Friday, October 08, 2004

jowoan ah....

biyung.. biyung...karep e iku piye tho yoo.... >_<
kok ora niat ngono rek lek sinau.... kok ora mudeng2 tho yoo... njaluk di apakno rek otakku iki.... sinau jek sedilut mari ngono di tinggal glodak gae mangan... wis mari mangan balek sinau... mari bar sak bab.. kok ngantuk .. ya wis turu dilut.. pas tangi kok luwe maneh.... huahaha... >_< ya wis mangan maneh.... piye jal.. -_-'' ngene njaluk kuru.. wong kerjo ne mangan ae... XP~~ huahaha...wis pasrah wis...
lek tambah stress.. mangan e yo tambah akeh... hihihi...

waaa... duh kangen rek karo sing jeneng e sawah... disek pas aku sek cilik ben sore mlaku2 ndek pinggiran sawah ngono... trus pas iku pas panen tebu.. karo pengasuhku di colongno tebu hihihi... trus di pangan ndek kono... wuiihhh lucu deh lek di iling2...enak lho lek sore2 mlaku2 ndelok ijo2 ngono... opo maneh pas panen padi... apiikkk lhooo.... ijo e koyok karpet huehehe...rasa e adem ayem ^_^

duh kok cek peteng e tho...pas tak delok njobo tibak e mendung soro rek...hehe lek mendung2... adem2 ngene paling enak lek gawe turu yoo.... iyo po ra??? ^_^ huahahah...
wis ah.. tak marikno gawean sek yooo...

Gusti Yesus memberkati sampeyan... ^__^

hihihi asliii campur aduk jawa e...ada surabaya e.. ada jawa e...XP~~
aiyoooooo ngerti po ora yooo....???? hihihi...
lek ga ngerti ya wis... lek ngerti uhm.... i think i have sumthing for ya... ^^